Crito Boso Jowo

Pengakuan Sumiati 2 – Cinta Terlarang versi Pasar Cokro

“Sum, tulung tukokno soto Pak Marto?” Bu Jarwo njaluk tulung Sumiati.

Sumiati wis ngerti, ana ing tengah pasar ana soto sing disenengi para pedagang lan panuku. Soto Pak Marto. Soto daging pak Marto rasane pancen gurih amarga duduhe saka kaldu , sering dadi jujugane pedagang lan panuku ing pasar. Tempe goreng, tahu isi lan bakwan ngiringi ing meja warunge pak Marto. Esuk-esuk sarapan soto Pak Marto karo ngombe teh anget pancen nyeklom tenan. Panganan paling enak sak donya.

Wong-wong biasane pancen pesen soto lan teh anget nganggo gula batu. Kuwi kombinasi sing cocok. Pasar Cokro rame ing dina pasaran Pon lan Legi. Déné Wage, Kliwon lan Pahing sing rame Pasar Ponggok, udakara 4 km saka Cokro sing ramé banget.

Pak Marto duwe anak lanang, Sarmo, sing sregep mbiantu ing warung.

   “Kepiye Sum kerja nyang  Toko Ijo?”

    “Yo, seneng. Ora ana pilihan liyane.”

    “Apa arep mbantu aku nyang kene?”

    “Ah emoh … mengko mbok godhani terus,” wangsulane Sumiati karo mesem, ayune tambah ketok.

    “Apa ya aku tega ta Sum,” ujare Sarmo.

Sarmo, kanca sekolah Sumi ing SMP Cokro. Dheweke wis kenal awit mbiyen. Wong kuwi wis sering dolanan gobaksodor nalika isih pada sekolah SD. Utawa dolanan jethungan nalika wulan purnama ing wayah bengi. Dolanane bocah desa pancen akeh gerakan fisik, nglatih rasa wani, kerjasama, koordinasi lan kecepatan. Bocah-bocah pancen senengane dolanan jethungan ing wayah wengi ngepasi padang bulan. Yen wayahe regu siji ndhelik, regu liyane giliran nggoleki. Biasane nganti bengi wayahe mbulan angslup  bocah-bocah dolanan jethungan. Engko pas wayahe mulih, Sarmo sering ngeterke, Sarmolah ngajak Sumi mulih. Sarmo asring uga mbantu Sumi mbukak tokone Pak Jarwo yen wayah esuk. Dheweke kepengin cedhak- cedhak karo Sumi. Sumi seneng yen Sarmo nulungi dheweke. Sumi ngrasakake menawa Sarmo kuwi kaya kakange. Amarga dheweke ora duwe mas. Sarmo tansah nglindhungi dheweke nalika dolanan utawa yen ana masalah sing ngganggu Sumi ing sekolah.

    “Cino gosong …!” kanca-kancane sering ngolok-olok. Sarmo kerep nantang bocah-bocah sing alok ngono kuwi.

“Awas, tak gajul bokongmu … yen wani ngomong maneh,” Sarmo mbela Sumi.

Sumi kadang bingung kenapa diarani Cino gosong. Apa merga  kulite kaya cino. Sawijining dina sadurunge turu, dheweke takon marang ibuke, Kartiyem.

    “Mboke … kenapa wong-wong kuwi seneng ngarani aku cino kosong?”

    “Ya, marga kulitmu putih … lan mripatmu sipit …” wangsulane mboke asal wae.

Dheweke lagi turu ing amben pring dilambari klasa pandan. Omahe Kartiyem separo tembok bata bagian ngisor  lan sisih ndhuwur gedheg.

    “Apa sing gosong mbok?”

    “Yo mbuh nduk … wis turu .. sesuk sekolah …”

Kartiyem banjur mbrebes, nanging raine dindhelike nyang bantal supaya Sumi ora ngerti menawa asline ngono  Sumi kuwi asil hubungan katresnan kang ora resmi. Mbuh katresnan iku imbang utawa ora. Juragane sing lawas, Koh Shanghai, pancen wonge apik tenan. Nanging ora ngerti apa iku katresnan utawa pancen wis sifate ngono.

Klik untuk info tambahan

Ing sawijining esuk nalika dheweke lagi ana ing toko, tuan Shanghai mlebu terus ndekep Kartiyem saka mburi. Terus Shanghai njaluk Kartiyem nglayani brahine.

“Ampun ndoro,” Kartiyem nolak nalika Shanghai ngajak hubungan badan ing kamar toko bagian mburi. Kartiyem mesti wae nolak kekarepane Tuang Shanghai. Shanghai ora mendha, malah deweke kepara tansaya nekat. Kartiyem keweden.

“Ampun, ampun..” Kartiyem setengah njerit.

 Shanghai ngrudapeksa. Akhire Kartiyem nyerah. Bar kuwi wis sawetara Tuan Shanghai yen esuk njaluk dilayani. Kartiyem suwe-suwe menikmati hubungan kuwi. Malah kaya wong ketagihan. Sakwise kira-kira sewulan ora sengaja dheweke sering muntah-muntah. Nyonya Shanghai ndeloki keanehan ing Kartiyem. Sawijining dina nyonya Shanghai takon

    “Kenapa kowe Kar?”

Kartiyem nangis tanpa kendhali.

“Niki…”, Kartiyem nuding wetenge, pitanda yen dheweke ngandut.

    “Sapa sing nglakoke?”

Kartiyem meneng wae merga wedi, ora wani nyebut jeneng. Malah tangise saya banter. Amarga nyonya Shanghai takon terus, akhire kewetu uga saka lambene Kartiyem.

   “Iya … ndoro,  ee ndoro kakung nyonya.”

    “Ha ?! Wong tuwo ora nggenah  …!”

Nyonya Shanghai langsung misuhi bojone.

“Dasar tuwo-tuwo isih cluthak.”

 Tuan Shanghai meneng wae nyadari menawa dheweke pancen salah. Jane ngono Shanghai pingin tanggungjawa, paling ora arep ngragati nganti jabang bayi lahir saka wetenge kartiyem. Nanging Nyonya shanghai kabotan. Ora ana wong wedok sing gelem diwayuh. Kartiyem dikongkon mulih sakcepete. Digawani  dhuwit ora sepiruo kanggo nglairake.

Kartiyem eling kedadean iku , sepiro pait rasa atine. Dheweke terus ngelus-elus rambute Sumiati karo ndedonga ing njero ati, muga-muga anake ora ngalami nasib sing padha.

“Kenapa simbok malah nangis?” swarane Sumi ngagetke Kartiyem.

     “Ora nduk ..simbok ngantuk. Wis ndang bobok. Simbok sesuk kudu nggolek wedhi,” ujare Kartiyem karo ngusap luh kang mili ing pipine. Giyono, bojone bengi kuwi lagi gilian ronda. Wong kuwi nyang omah mung wong loro.

     “wis bobok ..”

     “Piye yen sesuk aku dipoyoki cino gosong meneh mbok?”

     “wis jarne wae, ora usah digagas,” ujare Kartiyem karo ngusap rambute Sumiati.

*

     “Iki sotone Sum.”

     “Bu Jarwo engko sing mbayar ya kang.”

     “Ya, Sum … ati-ati,” pesene Sarmo.

Wiwit Sumiati kerja ing Toko Ijo, Pak lan bu Jarwo rumangsa kabegjane tambah. Tokone tambah laris. Mulane pak Jarwo lan Bu Jarwo tresna banget marang Sumiati. Toko Ijo tansaya nambah  jenis dagangane. Wong saka pasar kerep mampir ing toko Ijo kanggo kulakan barang kanggo didol maneh ing warunge ana ing kampunge utawa blanja kanggo kepentingane dewe.

Penulis ; Budi Santoso

Kisah Terkait

Pengakuan Sumiati 1 – Sumi, Cah Ayu Rupane

kibanjarasman

Pengakuan Sumiati 3 – Tangan Gratil

kibanjarasman

Leave a Comment

error: Anda tidak diperkenakan menyalin tanpa izin.