Crito Boso Jowo

Pengakuan Sumiati 1 – Sumi, Cah Ayu Rupane

Ing sisih  lor pasar Cokro, salah sawijining pusat ekonomi tlatah kono, ana sawetara toko. Salah sawijining toko sing paling laris sing madhep ngalor, yaiku Toko Ijo. Iki amarga warna lawang kayu lan temboke kabeh warnane sarwa ijo. Toko kuwi misuwur banget ing kalangan masyarakat Cokro  lan sekitare. Meh kabeh barang kebutuhan rumah tangga didol ing kono. Saka gula, teh, sprei, sapu, kelut, batu baterei, senter nganti raket badminton ana. Ngarep Toko ana protelon kang rame kanggo wira-wiri kendaraan. Sisih  tengen toko, ana dalan mlebu menyang pasar. Sisih kiwa diwatesi dening tembok toko liyane sing jejer ing sisih lor pasar.

Lokasi Pasar Cokro yaiku bekas pabrik gula sing mbiyen penting banget kanggo ngembangake ekonomi jaman penjajahan Walondo. Pabrik kasebut didegake udakara taun 1897. Nanging nalika taun 1930, pabrik kuwi ditutup. Banjur bangunan kasebut dibruke kanggo pasar lan omah penduduk.

Nanging sisa-sisa pabrik gula lan fasilitas isih bisa dinikmati. Ana kolam renang Bale Kambang sing digunakake kanggo renang tuan lan noni Londo. Sisihe pabrik gula ana gedhung gedhe kanggo papan pertunjukkan seni lan papan kanggo olah raga. Saiki bangunan iki asring dadi papan kanggo pagelaran ketoprak keliling. Uga asring digunakake minangka panggonan kanggo pertandingan badminton. Jaman kepungkur gedung kuwi dadi papan ngumpulake para korban sing  dituduh PKI  sakwise peristiwa Gestok. Para tahanan  kasebut dikumpulke , diangkut trek, banjur dipateni utawa digawa menyang kunjara ing kota Klaten. Sawetara nunggu nasib,  para tahanan sering dipepe ing panase  srengenge ing pekarangan ngarep gedhung. Bocah sekolah kerep weruh para tahanan sing awake kuru lan pucet dibariske nyang ngarep gedung, terus ana sing disiksa lan digetak-getak nganggo ukara kang kasar. Penduduk kuwi ora ngerti apa-apa babagan urusan politik kudu nanggung akibat kedadean Gestok 65. Ing wayah wengi, para tahanan dijupuk lan diangkut nganggo trek digawa nyang sawijining panggonan pinggir kali. Sakwise disiksa terus dipateni karo saperangan pemuda, terus mayite dibuwang menyang kali ing sandhinge. Banyu dadi werna abang. Akeh mayit kampul-kampul no mbanyu.

Pemilik toko iku jenenge Pak Jarwo. Wong ngundang Pak Jarwo toko ijo kanggo mbedakake karo pak jarwo liyane. Bojone Pak Jarwo kalebu wanita kang praupane ayu sanajan wis tuwa. Pak Jarwo  putra tilas demang Jatinom ing jaman Walanda. Garwane putra lurah saka Kuwel nalika awal jaman kamardikan. Desa Kuwel  misuwur minangka  penghasil kerajinan  sungu (tanduk) kanggo nggawe sisir, wayang kulit, gelang, susuk rambut, lan sawetara piranti liyane.

Pak Jarwo duwe anak lanang loro. Siji isih sekolah, siji meneh wis nikah lan uga mbukak toko ing desa liya.  Ing antarane masyarakat Cokro, asma Pak Jarwo pancen misuwur minangka penduduk asli sing wis sukses yasa bisnis. Miwiti saka toko cilik sing diurus kanthi ati-ati, alon-alon, telaten, akhire dadi toko paling lengkap, paling gedhe.

Saliyane kuwi, sing menarik bab toko ijo iku pelayane sing jenenge  Sumiati, bocah wadon kang kulite kuning lan ayu praupane. Sing padha tuku mesti seneng nyawang Sumiati kang ayu lan ramah menawa lagi ngalayani panuku. Saking ayune, Sumiati sering dadi bahan omongan para tangga lan masyarakat sekitar.

Sumiati, anak tukang golek wedhi ing Kali Pusur, salah sawijining kali penting ing  tlatah kono. Ibuné, Kartiyem, sing ayu, nate dadi pelayan nyang toko Cina ing kutha Delanggu. Emane, Kartiyem nalika kerja nyang toko ditengi karo juragane.  Amarga juragane ki wis duwe bojo, akhire ora gelem tanggung jawab. Kartiyem dikongkon lunga kanti pesangon dhuwit kanggo nglairke. Banjur Kartiyem mulih lan nikah karo tanggane dewe, jenenge Giyono. Loro-lorone panggaweyaner nggolek wedhi ing mburi omah minangka sumber pengasilane. Praupane Kartiyem saya ireng merga kepanasen saben ndina  sanajan garis-garis keayuane isih  katon yen dimatke. Sawetara wulan banjur lair bayi Sumiati kang kulite putih lan ayu. Wong tuwane sabar banget lan ngati-ati ngrawat Sumiati.

Sumiati tuwuh dadi bocah sing ayu senajan wong-wong ora percaya nalika weruh rupane wong tuwane. Kartiyem lan Giyono tresna banget marang anak siji-sijine Sumiati. Nalika sekolah SD lan SMP akeh wong sing kaget meruhi prawan ayu gek kulite  putih resik. Mangkono uga gurune asring nyolong nyawang rupane Sumiati kang nggawe kesengsem. Sawise Sumiati lulus lan ngrampungake SMP, Pak Jarwo kepingin ngajak Sumiati kerja ing tokone.

Ora salah yen Pak Jarwo ngajak  Sumiati nyambut gawe ing tokone, merga Sumi pinter ngladeni para pembeli. Sakliyane ramah uga sering menehi pilihan menawa barang kan dituku pembeli ora ana. Dadi pembeli ngrasa seneng merga dibantu.  Sumiati minangka aset penting kanggo Pak Jarwo, kudu dijaga aja nganti ucul. Sumiati uga kerasan kerja nyang toko ijo.

 

Pengakuan Sumiati sudah tersedia dalam bentuk fisik.

(Budi Santosa)

Kisah Terkait

Pengakuan Sumiati 3 – Tangan Gratil

kibanjarasman

Pengakuan Sumiati 2 – Cinta Terlarang versi Pasar Cokro

kibanjarasman

Leave a Comment

error: Anda tidak diperkenakan menyalin tanpa izin.