Crito Boso Jowo

Pengakuan Sumiati 3 – Tangan Gratil

“Kang, aku arep diajak Mas Dipo nonton pelem,” ujare Sumi kanthi bangga marang Sarmo.

    “Pelem apa Sum? Apa ing lapangan Karanglo?”

    “Ora no. Ing gedung bioskop. Nyang Delanggu. Yen nyang lapangan wis biasa kang.”

    “Lho Dipo kan kuliah nyang Jogja, ta?”

    “Ya, deweke lagi liburan. Kampus jare dikuasai tentara. Amarga para mahasiswa demo ora setuju Pak Harto dadi presiden meneh.”

    “Oo ngono. Lha kowe gelem ora?”

    “Aku wedi kang. Nanging aku ya pengin ngerti piye rasane nonton pelem nyang gedung bioskop.”

    “Yo wis, aku mung kepengin ngelingke. Pesenku sing ngati-ati, Sum,” ujar Sarmo kuwatir.

    “Ati-ati, piye?”

    “Ya, aja gelem yen diuyel-uyel”.

    “Diuyel-uyel piye?”

    “Wee … aku ngandhani. Ing gedung bioskop ki peteng Sum, yen lampu pas dipateni sok-sok akeh tangan gratilan.”

    ” Kang Sarmo wis nate nonton nyang gedung pa?”

    “Aku ya mung dikandhani kanca-kanca.”

Sumi bingung arep nuruti ajakane Dipo anak juragane apa ora. Dheweke mung pelayan,  Dipo ki mahasiswa Gajah Mada. Dheweke isin yen misale engko diajak ngobrol ora nyambung, ora gathuk. Nanging dheweke arep nolak ya ora wani. Dina wis meh bengi, sawise Maghrib Sumi dipethuk Dipo diajak numpak sepeda motor menyang Delanggu. Nunggang RX King Black. Sawetara menit wis teka ing Delanggu. Dheweke nganggo sandhangan sing paling apik, aja nganti mas Dipo isin merga penampilane kurang wangun.

    “Kepiye Sum wis siap nonton?”

    “Ya, mas …,” wangsulane Sumi ringkes.

       “Ayo mangan dhisik.”

       “Arep dhahar apa, mas?”

      “Soto wae ben cepet.”

    “Yo wis aku manut wae mas”.

Ora suwi wong kuwi mangan Soto nggone Pak Bagong ing sisih kulon prapatan pasar Delanggu. Sanajan enak, nanging Sumi isin arep nambah. Dheweke bingung kudu kepiye sikape. Sumi rumangsa canggung banget karo putra juragan. Sawise mangan, dheweke nyabrang dalan menyang Gedhung Bioskop Satria sisihe pasar Delanggu. Gedung film gur ana siji ing kota Delanggu. Sawise tuku karcis, dheweke banjur mlebu njeron gedung.

Sumi kaget banget. Gedhung gedhe, lampu-lampune cahyane surem lan lantaine mudhun  saya cedhak karo layar. Beda karo gambar sorot ing lapangan Karanglo. Film sing lagi diputer Binalnya Anak Muda. Sawetara lagu  diputer ngenteni wektu tayang film,  banjur ditututi iklan. Sumi rada gumun amarga nembe iki ndelok film ing gedung. Film wiwit diputer. Sumi ngrasa risih nonton adegan ana ing film kuwi.

    “Kepiye Sum?” Dipo takon.

    “Hmmm … apik, Mas,” wangsulane Sumi asal wae.

Tangane Dipo mulai nyekeli tangane Sumi. Sumi kaget, kepengin ngeculake nanging ora wani. Malah Dipo nyoba ngrangkul. Sumi tambah bingung. Kanthi alon-alon tangane nyekel tangane Dipo terus dikipatke saka pundhake.

“Aja mas..” Sumi mulai wani nolak.

Langsung Sumi eling Sarmo. Oo ngene iki sing dimaksud karo kang Sarmo kon ngati-ati. Ngono batine. Sanajan mung lulusan SMP, Sarmo ketoke luwih ngerti babagan tata krama , luwih njaga sopan santun lan ngayomi marang wong wadon. Sumi ora bisa menikmati film sing ditonton. Nganti film rampung Sumi sejatine malah ngetoke keringet adem tinimbang ngresepi isi film. Rumangsane Sumi malah asik nonton bioskop nyang lapangan. Luwih gayeng..luwih bebas. Apa meneh sinambi lungguh nyang klas karo mangan kacang utawa jagung rebus.

Wiwit kedadeyan kuwi, Sumi ngrasa kurang nyaman nyambut gawe nyang tokone pak jarwo. Ngrasa ora kepenak yen Dipo teka nyang Toko. Nanging kepiye meneh durung ana pilihan liya.

*

    “Kepiye Sum nontone mau wengi?”

     “Ah, ora sip mas. Malah gayeng nonton bioskop ing lapangan. Ora isa soraksorak utawa keplok-keplok yen pas adegane seru..”

    “Apa peleme tembaktembakan?”

    “Ora , peleme rada saru kang, isine wong yang-yangan. Gek nganggo ambung-ambungan barang. Pokoke risih lah kang.”

    “Terus kowe ora papa kan?”

    “Ora …Ya ngati-ati kaya pesenmu kae.”

    “Diapake karo mas Dipo?”

    “Nganu kang..emm..nganu..”

“Nganu piye maksudmu?”

“Tanganku dicekeli.”

    “Ha … ngono ya?”

    “Sampeyan bener, kang . Aku risih.”

    “Mbesuk meneh aja gelem.”

    “Ya, kang mesti tak tolak…”

*

Dina iki  pasaran Pon, akeh wong padha blanja nyang pasar Cokro. Pasare rame. Saka sisih wetan nagnti tekan desa Ngaran akeh wong dodolan utawa kulakan maneka barang hasil kerajinan kaya sapu duk, sapu sada, pacul, arit, klasa lan sakperangan panganan kan diawe saka pohung utawa glepung. Saka sisih kulon tekan Tulung akeh wong dodolan barang-barang hasil tegalan kaya pohung, jagung utawa tela. Pasar rame akeh wong dol tinuku barangbarang kanggo keperluan saben ndina. Mangkono uga toko-toko ing saindenging pasar dadi rame. Sumi sibuk ngladeni para panuku ing Toko Ijo.

    “Mbak aku entuk kenalan karo njenengan?Sapa jenengmu mbak?”

    “Aku Sumi Mas.”

Ana panuku sing kenalan karo Sumi merga kesengsem ayu lan ramahe Sumi.

    “Putrane pira mbak?”

    “Lho aku durung rabi mas, isih perawan,” wangsulane Sumi polos lan ramah ing tengah-tengah nglayani pelanggan.

    “Oh, tak kira wis nduwe bojo mbak,” panuku iku pengin ngajak kenalan nanging isin.

    “Napa kula ketok tuwa to mas?” Sumi ganti takon.

    “Ora mbak, ketok ayu. Ning yen wis nduwe bojo kan ya aku ora pingin ngganggu.”

     “He … Sum! … kerja sing apik … Aja disambi jagongan ae,” bu Jarwo ngelingake Sumi. Sanajan Sumi dhewe jane sungkan nyambut gawe disambi jagongan. Nanging ya kepiye meneh, ana bocah bagus sing takon mosok arep dijarke wae.

Saben akhir minggu, dina Sabtu, panuku kuwi kok dadi sregep nekani Sumi nyang toko.

    “Apa sampeyan isih eling karo aku mbak?”

    “Sapa to mas?”

    “Aku mrene seminggu kepungkur.”

   “Ah lali, akeh wong blanja rene mas, aku ora apal siji-siji ?”

Bocah enom sing teka kuwi pingin golek cara kanggo isa kenalan. Sindhu nunggu toko rada sepi. Terus ngumpulke kekuatan ben nduwe rasa wani.  Mumpung bu Jarwo karo Pak Jarwo  lagi shalat luhur, Sindhu nekat

    “Mbak kenalke. Jenengku Sindhu,” Sindhu karo ngelungke tangane ngajak salaman.

    “Sindhu mas? Wah apik ya jenenge,” ujar Sumi karo rada isin-isin ngelungke tangane kanggo salaman.

    “Lho njenengan sapa?”

      “Oh aku Sumi. Sumiati…,” Sumi njawab karo nunduk nanging mriate nglirik Sindhu.

       “Oh Sumi. Seneng aku isa kenalan mbak. Rapopo ya aku sering-sering teka mrene mbak?”

      “Ya rapapa. Tapi engko aku didukani juraganku. Aku kan kerja mas. Arep ngapa ta?” Sumi pitakone polos.

Sindhu bingung. Dheweke malah pamitan merga ndelok Bu Jarwo karo Pak Jarwo wis mlaku nuju toko.

     “Ya wis aku pamit dhisik mbak. Suk Setu aku mrene meneh.”

Sumi dadi kepikiran. Kok ana bocah bagus ning ya ketok grapyak kok ujug-ujug ngajak kenalan.

Minggu ngarepe Sindhu teka meneh.Dheweke nggawa sapu tangan kang disemprot karo minyak wangi.

    “Iki mbak kanggo mbak Sum. Kacu.”

    “Kanggo apa , Mas?”

    “Aduh, mbak Sum, ya kanggo apa wae. Disimpen apa dinggo ngelap  kringet ing irungmu iku ya ora papa.”

    “Ya, Mas Maturnuwun.”

Sindhu banjur mulih. Dheweke rencana bakal teka maneh ing minggu ngarep.

    “Sum, sapa kuwi bocah sing kerep mrene?” pitakone Bu Jarwo.

    “Moten kerep kok bu. Seminggu sepindah mawon.”

    “Iya kuwi sapa?”

    “Inggih, nganu…asmane Sindhu. Mas Sindhu”.

    “Sekolah nyang ngendi?”

    “Sanjange sekolah wonten SMA satu Klaten”.

    “Wah, ati-ati ya Sum”.

    “Nggih, ibu …”

Sumi bingung. Ana Sarmo, ana Dipo lan Sindhu.  Sumi seneng kekancan karo Kang Sarmo, kanca wiwit cilik. Mesti wae pacelathonane wis nyambung. Gek Sarmo ya wonge apik.  Yen karo Dipo, dheweke malah ngrasa wedi. Dheweke srawung karo Dipo mung amarga Dipo anake juragane. Ora ana rasa kesengsem babar blas. Marang Sindhu Sumi  ngrasa kebombong merga digateke lan rumangsane Sumi Sindhu bocahe apik, grapyak lan pinter.

Kisah Terkait

Pengakuan Sumiati 2 – Cinta Terlarang versi Pasar Cokro

kibanjarasman

Pengakuan Sumiati 1 – Sumi, Cah Ayu Rupane

kibanjarasman

Leave a Comment

error: Anda tidak diperkenakan menyalin tanpa izin.